B. Daerah 9. “Simbah lunga menyang pasar nggawa tas abang”, ukara kasebut yen disalin mawa basa krama alus dadi …. a. Simbah kesah menyang pasar nggawa tas abang b. Simbah tindak marang pasar mbeta tas abrit c. Simbah tindak dhateng peken ngasta tas abang d. Simbah tindak dhateng peken ngasta tas abrit 10. Menapa Bu Rita sampun … dhateng sekolah? Tembung kang trep yaiku …. a. menyang b. rawuh c. teka d. bali 11. Kanggo njaluk kawigaten, bisa nggunakake tetembungan ing ngisor iki, kejaba … a. gatekna b. ayo digatekake c. nuwun dipungatosaken d. nyuwun dipungatosaken 12. Pangalembana marang kanca iku minangka wujud sarana kanggo…. a. Aweh cacahan b. Aweh sindhiran c. Aweh panyaruwe d. Aweh panjurung 13. Tangan ngapurancang tegese … a. Asta kalih dipunselehake sangandhaping puser b. dlamakan asta tengen wonten nginggil dlamakan asta kiwa lajeng dipunselehake sangandhaping puser c. dlamakan asta kiwa nginggil dlamakan asta tengen lajeng dipunselehake sangandhaping puser d. Lenggah kanthi sasekecanipun 14. Kanggo njaluk pangapura, bisa nggunakake tetembungan ing ngisor iki, kejaba … a. Apuranen aku b. Njaluk pangapura c. Marem tenan aku d. Sing gedhe pangapuramu 15. “Nuwun sewu bu, kula badhe nyuwun pamit badhe tindak dhateng pakiwan.” Miturut tata krama, tembung kang kurang trep yaiku tembung… a. Pakiwan b. Nuwun sewu c. Tindak d. Nyuwun pamit 16. Patrape wong kang njaluk idin yaiku … a. Tangan ngapurancang, ulat sumeh, rada mbungkuk b. Tangan sedakep, ulat sangar, rada mbungkuk c. Tangan ngapurancang, ulat sangar, mbungkuk d. Tangan metenteng, ulat sumeh, rada mbungkuk 17. Ukara kang trep kanggo matur nalikane nyuwun idi palilah arep menyang ing koperasi yaiku…. a. “Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun pamit budhal dhateng koperasi.” b. “Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun pamit tindak dhateng koperasi.” c. “Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun pamit sowan dhateng koperasi.” d. “Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun pamit kesah dhateng koperasi.” 18. gatekna pacelathon ngisor iki Tembung kang kacetak kandel lan miring iku, sing bener manut unggah-ungguh yaiku... a. njaluk, ajeng dipunwontenaken, karesikan b. nyuwun, badhe dipunwontenaken, karesikan c. nyuwun, ajeng dipunwontenaken, kebersihan d. nyuwun, badhe dipuwontenaken, kebersihan 19. gatekna wacan iki! Gotong Royong Pitulasan Saben taun ing wulan Agustus, SMP Muhammadiyah ngadani gotong royong. Kagiyatan iki diadakake kanggo melu mangayubagya kamardikan negari Indonesia. Dina kuwi kabeh padha seneng anggone gotong royong kelebu Ipah. Kanthi polatan sumeh, ora ngrasa wegah, nyambut gawe kanthi lega lan ora gresula. Mula kanca-kaca padha seneng menawa dolan karo Ipah. Dhasar bocah pinter, ayu, lan sregep, ora gampang loyo. Mulane kancane akeh. Ing wacan kasebut ukara kang nuduhake pangalembana yaiku.... a. Katindakake resik-resik saben dina Jum’at b. Ana saweneh bocah Ipah jenenge c. Nindakake kanthi seneng lan gumbira d. Dhasar bocah pinter, ayu, lan sregep lolitahickleulv – April 09, 2023
B. Daerah sandangan Wayan Janna sing ono sing aksara jawa ku yaiku....lan.... lolitahickleulv – April 06, 2023